LOKASI WISATA ZIARAH " MAKAM KI AGENG TARUB ( JOKOTARUB ) " KURANG LEBIH 12 KM KE ARAH TIMUR DARI KOTA PURWODADI, TEPATNYA DI DESA TARUB, KECAMATAN TAWANGHARJO KABUPATEN GROBOGAN.

Jumat, 14 Mei 2010

AJA NGGRANTES... AJA NGENES....!!

PANGGUNG drama politik kita katon saya melodramatis. Sansaya gawe ngenes lan nggrantes. Sansaya ngelingake sapa wae manawa jroning politik tansah kebak kewengisan lan tragedi agung. Ateges, tansah ana dhalang sing nggelar lakon ngenes, apa pancen ngenes lan nggrantese iku saka wohing panggawene dhewe? Rasa sedhih sing matumpa-tumpa lan abot sanggane, bisa marakake ngenes. Panjangka sing tansah cabar lan tangeh kelakone, bisa marakake nggrantes. Akumulasi ngenes lan nggrantes mung dadi tlundhakan tumuju cutheling pengarep-arep. Mangka uruping urip mung ana ing pengarep-arep!
Sekawit, mbokmenawa mung gela. Dene jalarane gela bisa maneka warna. Nanging intine ora kelakon sing dadi gegayuhane, mleset saka sing dadi pengarep-arepe. Kuwi kira-kira sing dadi cikal bakale ngenes.
Lelakone Danapati
Sekawit Danapati mung bisa nggrantes, amarga tresnane marang Dewi Sukesi dianggep mung kandheg ing pepigginan. Sebab, mokal bisane dheweke minangkani pamundhute putrine Prabu Sumali kuwi.
Yen mung ngalahake pamane Sukesi, aran Patih Jambumangli, kanggone Danapati sing uga kesinungan kasekten, mesti bakal dilakoni. Nanging yen kudu mbabar sejatine Sastra Jendra Hayuningrat, tumrap Danapati sengara kelakone.
Tumrape Danapati, aja maneh kok mbabar, krungu arane wae lagi kuwi. Mula senajan dikaya ngapa katresnane marang Dewi Sukesi, raja mudha iku mung kudu meper marang sekabehing pepinginan.
Nanging pranyata uga ora gampang anggone meper, jalaran palakrama karo De­wi Sukesi tumrape Danapati ora mung pe­penginan, nanging wis manjelma dadi pra­setyaning ati. Dienthengke patine tinimbang ora bisa mengku wanita sing kanggone dheweke ayune ngungkuli widadari kuwi.
Jebul ramane, Begawan Wisrawa nyumurupi manawa putrane lagi nggrantes. Mula kanggo mberat panandhanging ati mau, sang Begawan arsa nyarirani pribadi, nglamar Dewi Sukesi kanggo putra kakunge sing banget ditresnani.
Mesthi wae Wisrawa uga wis nglenggana manawa ”ndhodhog kori nginang jambe suruh” iku bebasan ”golek banyu apikulan warih, golek geni adedamar”. Lire, bisa nglamar Sukesi yen nduwe sangu arupa kawruh Sastra Jendra Hayuningrat. Nanging anane sageh, mesthi kabeh mau wis kajiwa kasarira. Ora maido, jer Wisrawa mono jejere begawan sing wis buntas salwiring reh.
Sang Begawan banjur budhal, diuntabake dening pengarep-pengarepe Danapati. Pengarep-arep sing maone mung dadi panggrantes, bareng karo lakune Wisrawa pindhane bakal ”suwe mujet wohing ranti” kelakone. Kira-kira ngono batine Danapati.
Pancen akhire Wisrawa kelakon nglamar Sukesi. Wisrawa kuwawa njlentrehake werdine Sastra Jendra Hayuningrat, nanging Begawan sepuh mau jebul gagal jroing laku, laku Sastra Jendra.
Sukesi sing kudune dilamar kanggo putrane, malah dialap dhewe. Jroning sepi, nalikane mbabar ngelmu siningit mau, jebul sing ana amung lali. Wisrawa kudune diajap dadi putri mantu, nanging nyatane malah dirasuk dhewe.
Sapa nandur gundhuh, sapa nyilih mba­lekake! Ing anggane Dewi Sukesi, Wisrawa pranyata nandur winihing nepsu, bibiting angkara. Jroning saresmi klawan Sukesi, Wis­rawa temene amung ngrampas penga­rep-arepe putrane dhewe. Mula tundhone, dheweke kudu mbalekake kabeh mau. Wi­srawa kudu ngundhuh wohing panggawe.
Ora mung Danapati sing banjur nerusake panggrantese, nanging ing sisaning umur, Wisrawa kudu mungkasi uripe kanthi kebak rasa ngenes. Ngenes merga pokale dhewe.
Lelakone Drona
Mula, jroning kahanan sing kaya mangkono, apa sing banjur kudu ditindakake? Kelem karoban ing kesedhihan, tragedi, lan kengenesan? Utawa ”memasuh malaning bumi” kanthi gawe cabare lakon sing lagi dirantam dening dhalange kaanan? Sebab, pancen ora mokal, kaanan sing lumaku iki temene ana sing nyutradarani. Merga pancen ana wae dhalang sing pancen hobine nggelar lakon-lakon sing tragis, ngenes, lan gawe sing nonton saya nelangsa.
Upamane ora ana sing ndhalangi, ora bakal kelakon Drona mati ngenes kaya mang­kono ing palagan Kurusetra. Sebab, yen bab kasekten, pandhita Sokalima mujudake gurune wong perang, kedhunge kasekten. Dene yen bab kawaskithan, ora ana lo­ro ing jagading wayang kang bisa nuduhake dununge kayu gung susuhing agin lan tirta pawitra suci marang Bima, kejaba Drona.
Mula, ing medhan Kuru, sapa maneh sing bakal kuwawa ngadhepi Drona ya Kumbayana. Yen mung kanthi cara lawaran, mesti ora bakal ana sing bisa nandhingi. Drustajumena?
Drustajumena pancen wis pinilih kanggo nandhingi sang Pandhita. Nanging mesthi ora bakal nggandra sepiraa. Mula, Kresna minangka botohe Pandhawa banjur gawe rekadaya amrih ringkihe Drona. Drona kudu digawe nggrantes, Drona kudu digawe ngenes. Yen wis nggrantes, yen wis ngenes, lagi ditandangi.
Kresna nyumurupi manawa Drona banget tresnane marang putra siji-sijine: Aswatama. Kresna banjur utusan mateni gajah aran Hestitama. Marang barisaning Pandhawa, Kresna prentah supaya disebarake kabar manawa Aswatama mati.
Kabar-kabar mau keprungu tenan dening Drona. Salah sijining sanggit crita nyebutake, merga krungu kabar mau dadi kekes lan nggrantes atine senapatine Kurawa kuwi. Nanging sanggit cita liyane nyebutake, kekes, nggrantes, lan ngenese Drona merga Pandhawa, luwih-luwih Yudhistira, sing temene putra murid sing banget bektine marang dhewe jebul uga gelem goroh. Ngapusi gurune dhewe!
Jroning ati kekes, jroning ngenes, mesthi ilang otot bebayune Drona. Tumrap Drestajumena, ora pelu ngenteni luwih suwe, jroning swasana mangkono dheweke banjur nyampurnakake Drona. Pandhita Sokalima ngemasi.
Apa piwulang sing bisa dipethik saka crita loro mau? Ilange kawaspadan. Merga kurang waspada, gampang lal. Merga kurang waspada, gampang dipaeka denin liyane. Thukule nggrantes, thukle ngnes, temene uga aka awake dhewe.
Anane nggrantes, anane ngenes merga saka rumangsa wis entek pengarep-arep. Kudune tetep ana pengarep-arep supaya ora nganti nggrantes. Kudune isih ana kewanen kanggo tumandang mberat sakabehing kesedhihan supaya ora nganti ngenes. Kuwi prasyarat urube urip, supaya ora nganti mati ngenes. (35) (Sucipto Hadi Purnomo, dosen Basa lan Sastra Jawa FBS Universitas Negeri Semarang/)

SUMBER Dari :
Harian Suara Merdeka

Tidak ada komentar:

Posting Komentar